Pages

Search

Loading...

Tuesday, January 7, 2014

Cerkak "KAHANAN" (Cerpen Bahasa Jawa)

“Heh! Arep ngapa kowe?”

Keprungu suara kuwi, Dani kaget setengah mati. Dheweke sing lagi nggoceki celengan pitik jago, gage-gage mbalekake celengan kuwi ning njero lemari.

“Iki lho, lagi ngresiki lemarine ibu.” kandha Dani ngapusi. 

“Oh, tak kira ngapa.” Wana kakangne Dani banjur lunga.

Ngerti kakangne wis lunga, dani njikuk meneh celengan jago nggone ibune mau. Sanajan ibune lagi dodolan ning pasar ket esuk mau, dheweke langsung mecahake celengan kuwi. “Pyyaar!” suarane rada sero, nanging Wana kang lagi leyeh-leyeh neng teras ngomah ora krungu. 

“Satus, rongatus, telungatus... muga-muga cukup” kandha Dani alon.

Dani kepeksa njikuk dhuwit ibune, padahal dhuwit mau arep dianggo kulakan dodolan pasar. Dani iku bocah kang pinter, sopan, santun, lan bekti marang wong tuwa. Nanging amarga kahanan, Dani nglakokake kuwi. Dheweke ngerti yen urip keluargane pas-pasan, ibune mung dodolan sayur, kakangne mung lulusan SMA lan durung entuk gaweyan, bapakne uwis sedo rong taun kepungkur. Dani sing kelas 9 SMP ming ngandelke beasiswa prestasi.
             
            Awan kuwi, Dani banjur nggeblas nganggo sepedha peninggalan bapakne tumuju ning ngomah pak bon sekolahane.
           
            “Kula nuwun Pak Marja!”
           
            “Oalah, mas Dani! Wonten punopo mas? Monggo mlebet mawon” Pak Marja mbukakake lawang, karo manggakake lungguh.
            
            “Pripun kawontenane Tarti pak?” Pitakon Dani iku langsung nggawe pak Marja dadi sedih. Tarti, anak sing digadhang-gadhang Pak Marja lagi lara tipes. Nggo mangan sedinan-dinan wae kangelan, opo maneh nggo mriksakake Tarti. Pak Marjo judheg mikir anggone mbayar dokter.
            
            “Pak, niki wonten arta sakwontenipun, saget kagem nambahi biaya berobat Tarti.”
             
            Saktekane ngomah, ibu lan Wana wis ning ngarep lawang. “Le, kowe ki seka ngendi?” Dani arep nyauri nanging wedi ndak didukani kalih ibu amarga njikuk dhuwit ning celengan, nanging Dani iku bocah kang apik, dadi dheweke banjur jujur karo Ibune.

“Kula saking dalemipun Pak Marja, ningali Tarti kang sakit tipes. Kula nggih nyuwun ngapunten bu, kula sampun mundhut arta ing celenganipun ibu. Arta menika sampun kula caosaken Pak Marja kagem mbiyantu berobat putranipun.”

“O yowis nek ngono, ibu ora nesu. Ning caramu kuwi keliru, sesuk meneh yen ana apa-apa matur ibu.”

izzarigma.blogspot.com

Tuesday, March 26, 2013

Gunane Alat Tetanen Tradisional lan Modern

GUNANE ALAT TETANEN TRADISIONAL

1.      Ani-ani menika satunggalipun lading alit kagem manen pari. Mawa ani-ani tangke bulir pari diiris setunggal-setunggal, dadosipun proses punika mbetahaken kathah pedamelan kaliyan wekdal, ananging keuntunganipun inggih punika, benten kadosta arit, mboten sedoyo tangke kairis. Dados bulir ingkang dereng kuning mboten tumut kairis.

2.      Arit menika piranti damelan pandhé, ingkang wujudipun nyantuk utawi mbéngkong. Wonten basa indonésia kethenger sabit. Bahan utamanipun saking wesi utawa waja ingkang dipepeh klenyeh wonten pangobongan pandhé kaliyan dipuntipisaken ngagem palu. Landhepé wonten ing canthukan wiwit saking pucuk ngantos ngisor caket tanganan lan babagan kang ngisor kanggo mbebacok, nenegor, golèk siket (ing tlatah jawi)

3.      Pacul kalebet salah satunggaling alat utawa piranti tradhisional ingkang dipunagem wonten pertanian. Pacul dipunagem kagem ndhudhug lemah, kagem ngresiki lemah saking suket utawi kagem ngratakaké lemah.

4.      Waluku utawi wluku utawi luku menika satunggaling piranti wonten bidang tetanduran ingkang dipunagem kagem nggemburaken lemah saderangipun tandur kaliyan sebar winih.

5.      Gerejag menika piranti ingkang dipunagem para petani nalika nembe panen wonten sawah, piranti dipunagem kangge ngluari wiji pari saking tangkenipun

      GUNANE ALAT TETATEN MODERN

1.      Traktor menika piranti tetanen modern ingkang sami kegunaanipun kaliyan waluku utawi luku. Traktor dipunagem kagem nggemburaken lemah saderangipun tandur kaliyan sebar winih.

2.      Dryer utawi mesin kagem nggaringke, dipunagem kangge nggaringke gabah, jagung, kedele, lsp. Ing jaman mbiyen nggaringke gabah mboten ngagem mesin, ananging dipunpepe.

3.      Air Sprayer menika alat kagem ngilangaken hama, obat kang dipunagem saking bahan kimia. Dados mboten ramah lingkungan,bisa ngrusak lingkungan kewan-kewan alit ingkang mboten ngganggu tanduran punika inggih tumut mati. Ing jaman mbiyen mboten wonten air sprayer nanging dhek jaman biyen ngusir hama ngagem obat kang alami, kadosta ngagem kapur sirih.

4.      Bajak piring inggih menika kagem ngolak-alik lemah, gunanipun sami kaliyan luku.

5.      Seeder menika yaiku mesin ingkang kagem ndelehake wiji ingkang badhe di tandur. Petani mboten perlu ndelehake wiji kang badhe di tandur ngagem asta setunggal mbaka stunggal. Menawi ngagem alat menika langkung cepet.